Laman

Senin, 02 Agustus 2010

mantra baruu.......

1. Mantra adji Bandung-bandawasa ( untuk kekebalan )

Lakune nglowong ana ing banyu 3 dina 3 wengi.
Iki mantrane :
 " Bissmillahi-rachmani-rachim, sun matek adjiku si-Bandung-bandawasa, pakuning wesi, tutur djati, padu pana, aku lana, kulitku tembaga, ototku kawat, balungku wesi, dengkulku paron, rup-sirup tan ana tumama, dagingku kawat pada samengko, ya aku Bandung-bandawasa."

2. Mantra adji bisa ngilang
Lakune nglowong kanti kemulan lawon (kain kafan) sakuwate
Iki mantrane :
" Bissmillahi-rachmani-rachim, sun matek adjiku si-wewe putih, wewe putih gendongen aku angin sepen ging kombang, tjat tan ana katon, tjat tan ana katinggal, tjat ora katon pisan, ija aku siwewe putih. Bissmullah sun dzat putih, wong seket ora idep, wog sewu ora ana weruh, tjangkir gedah kentjana".

3. Mantra pengasihan
Lakune mutih 7 dina 7 wengi
Ikimantrane:
"Adjiku si lung djangga, lung djangga noleha, tolehen kawulaningsun, dak-tepungake putjuke idepku, dak-tepungake putjuke alisku, dak tepungake putjuke rambutku, roche rochku, njawane njawaku, sukmane sukmaku, badane badanku, preg mati durung mati, sida edan, durung edan sida nglamong, ora waras si jabang bayine............(nama orang)...yen ora aku singnambani, teka asih, si jabang bayine......(nama orang) ndulu maring aku:.